Jumat, 11 Desember 2020

(PITEPANGAN) Tak Kenal Maka Kenalan

 

                        Halo dulur-dulur!
Pripun pawartosipun? Mugi tansah pinaringan bagas waras sedaya!Amiin allahumma amiin
 
Boten keraos samenika sampun ngelampahi wonten papan kuliyah.  Rumiyin nembe kemawon gegojegan sareng kanca-kanca SMA. 

     Samenika kedah sampun anggadahi kesibukan kaliyan tugas-tugas  kuliyah ingkang boten mangertosi pripunta dhosen ugi kanca-kanca enggal menika amergi taksih kahalang pageblug ingkang damel sedaya kagiyatan menika dipun lampahi kanthi online .

     Oh inggih kagem nyingkat wekdal lan seratan artikel menika, langsung kemawon kita kekalih wonten mriki badhe nderek pitepangan.


        Pitepangaken kula Brenda Edwia Permata Putri kula lair wonten ing kutha tahu inggih menika Kediri, 28 desember 2001. Riwayat pendidikan kula menika:

1.2005-2008 Tk Dharma Wanita Setonorejo

2.2008-2014 SDN kapi 1

3.2014-2017 SMPN 1 Kunjang

4.2017-2020 SMAN 2 Pare

5.Maba Universitas Negeri Surabaya, dadosipun taksih imut ugi taksih polos lho.

            Hobi kula menika masak , masak menapa kemawon saged pokok wonten kalodhangan siap dados mantu idaman dulur-dulur menika, hehe. Eh boten guyon kemawon taksih dangu anggenipun kula pados jodho pangestunipun kemawon nggih.✌☺ Oh kaliyan nari menika dados hobi ingkang remen kula tumut ektrakulikuler wonten ing SMA ngantos tumut UKM samenika ugi. Alamat kula samenika wonten ing Dusun Tanjangsari, Desa Kapi, Kecamatan Kunjang. Eh mbok bilih wonten dulur-dulur menika badhe dolan wonten griya, kula sumanggakaken lho. hehe☺


 
    Lajeng dereng pitepangan ugi kula Sri indah wahyuni,kula lair wonten ing kutha ledre inggih menika Bojonegoro,7 januari 2002. Riwayat pendidikan kula menika:

1.2005-2008  Tk Tunas Harapan

2.2008-2014 SDN Kauman 1

3.2014-2017 SMPN 3 Baureno

4.2017-2020 SMAN 1 Sumberrejo

5.Maba Universitas Negeri Surabaya, dadosipun ugi taksih polos nanging sampun boten imut ingkang leres nggih amit-amit ketinggalipun.

 
    Hobi kula menika nyanyi, sanadyan suwanten kula kados umplung toples khong guan ingkang isinipun rengginang, kula pede mawon wong menika pancen hiburan kula, nggih pripun hehe. Oh sanadyan mekatan SMA kula tumut seleksi paduan suara alhamdulillah kok dipun tampa lho, dados anggota ngantos kelas 8 ugi boten mangertos menapa menika kok saged mekaten?☺
     Alamat samenika wonten ing Dusun Suronanggan, Desa Trojalu, Kecamatan Baureno, Kabupaten Bojonegoro ingkang leres, boten Bojone wong!👌 Kula sumanggakaken dulur-dulur menawi wonten ingkang badhe dolan wonten griya kula, nanging kula sampun boten wonten griya lawong sampun tumut kalih bapak ibuk wonten ing Surabaya hehe.☺


Cekap semanten angenipun kita kekalih pitepangan wonten mriki dipun sambung malih wonten kalodhangan ingkang ajeng dugi, mbok bilih wonten kelanta klentu kita kekalih nyuwun sih samudra pangaksami, matur nuwun.

 
 

8 komentar:

Peran Bahasa Jawa di Era Revolusi Industri 4.0

Hallo dulur-dulur! Bagaimana kabarnya? semoga selalu dalam keadaan sehat walafiat, amiin. Hai -hai bagaimana?, pasti penasaran kan kali ini ...